Kamis, 03 Desember 2009

Pepeling ing Jaman Edan ....


Kang kinaran manungsa wasis yaiku wong kang wis kaconggah mbenerake tindak kang mlenceng. Dene asor-asoring budine manungsa iku ora kaya wong kang mlencengake tindak kang wis bener. Adate sipat kaya mangkono mau thukul kasurung saka ati kang duwe rasa drengki lan srei. Sapa kang ngadani ati kang drengki, srei, lan panasten bakal nyiksa awake dhewe lan uripe ora bakal tentrem. Mula tatanen rasa pangrasa, laku tindak, solah bawa, lan muna-muni ing sadengah papan panggonan lan sesrawungan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar